B. Daerah tolong jawabin nomer:8-10​

tolong jawabin nomer:8-10​

Jawaban:

Wangsul Pithakon:

  • 8. D
  • 9. C
  • 10. B

Penjelasan:

8. kalebu pasangan..

D. Utuh

Sing kalebu pasangan utuh iku ra ( ꧀ꦫ ), ga ( ꧀ꦒ) , ya ( ꧀ꦪ ), nga ( ꧀ꦔ ). Disebut pasangan utuh, merga pasangane ora ana sing dirobah, menawa pasangane diwenehi sandhangan, ya ora robah (berubah). Pasangan iki ditulis ing ngisore aksara sing dipasangi.

9. ꦲꦗꦢꦸꦩꦺꦃ꧉ wacan ukarane..

C. Aja dumeh

Aksara Ha, iku isa diwaca a, uga bisa diwaca ha. mula wacan aksara kasebut aja dumeh.

10. Sing kalebu sandhangan Nga Lelet..

B. ꦊ ✅

Sandhangan Nga Lelet iki kanggo ngganti swara lê, tuladhane⤵️

  • Lemah = ꦊꦩꦃ ( sandhangan nga lelet, aksara ma + wigyan)

  • Lestari = ꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ (sandhangan nga lelet, aksara sa (sigeg), pasangan ta, aksara ra + wulu)

Wangsuli pitakon

8. D

9. C

10. B

__________________

Pembahasan

Nomer 8

Pangerten pasangan

Pasangan iku gunane kanggo nulis aksara sing mapane ana ing sak mburine aksara sigeg (huruf mati). Kajaba aksara sigeg mau yaiku aksara h, r lan ng. Amarga aksara h, r lan ng mau wis nduweni tandha dhewe dhewe.

Pasangan aksara ana 20 :

  • ha, na, ca, ra, ka

→ ꧀ꦲ ꧈ ꧀ꦤ ꧈ ꧀ꦤ ꧈ ꧀ꦫ ꧈ ꧀ꦫ

  • da, ta, sa, wa, la

→ ꧀ꦢ ꧈ ꧀ꦠ ꧈ ꧀ꦱ ꧈ ꧀ꦮ ꧈ ꧀ꦭ

  • pa, dha, ja, ya, nya

→ ꧀ꦥ ꧈ ꧀ꦝ ꧈ ꧀ꦗ ꧈ ꧀ꦪ ꧈ ꧀ꦚ

  • ma, ga, ba, tha, nga

→ ꧀ꦩ ꧈ ꧀ꦒ ꧈ ꧀ꦧ ꧈ ꧀ꦛ ꧈ ꧀ꦔ

a. tugel mburi = Ka, Ta, La

b. tugel ngarep = Ha, Sa, Pa

c. wujud dhewe = Na, Ca, Da, Wa, Dha, Ja, Ma, Ba, Tha

d. utuh = Ra, Ya, Ga, Nga

Nomer 9

ꦲꦗꦢꦸꦩꦺꦃ = aja dumeh

  • aja = aksara Ha, aksara Ja
  • dumeh = aksara Da + suku, aksara Ma + wignyan

ꦲꦗꦢꦸꦩꦺꦃ = aja dumeh

  • nggunakake sandhangan swara (suku, taling)
  • nggunakake sandhangan panyigeg wanda (wignyan)

Nomer 10

Sandhangan aksara Nga lelet (ꦊ), minangka gantine aksara La + Pepet.

tuladha :

  • lemu = ꦊꦩꦸ
  • lenga = ꦊꦔ
  • lembu = ꦊꦩ꧀ꦧꦸ

Ana sandhangan aksara liya sing nduweni kagunane padha karo aksara Nga lelet mau, yaiku aksara Pa cerak (ꦉ), minangka gantine aksara Ra + Pepet.

tuladha :

  • remuk = ꦉꦩꦸꦏ꧀
  • rekasa = ꦉꦏꦱ
  • rembagan = ꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas: 6
  • Materi : Nulis aksara Jawa
  • Kode : 13
[answer.2.content]